RSS

Tresna Biyung

Tresna Biyung
( dening Gutama Dewi Putri )

Nalika padhang bulan ratri iki
Aku lelungguhan aneng ngarep omah
Daksawang dhuwur esem manise candra
Nggambarake atiku anggung rasa tresna
Marang juwita sing tau bebrayan
Menehi rasa asih lan sayang neng ati
Sing biyasane setya ngrenggani sepine ratri
Ananging saiki kajaba kerlap-kerlipe lintang
Aneng bomantara sing katon padhang
Nalika biyen anggung ngampingi lakuku
Kelingan menehi paweling marang aku
Aku nuli mbayangke
Yen biyung bisa bebarengan esuk wagi sore
Nanging saiki nyatane mung angen-angenku

Mung kari caritaku…..

0 komentar:

Posting Komentar