RSS

Wanci Esuk

Wanci Esuk
( dening Gutama Dewi Putri )



Srengenge neng sisih wetan
Pratandha rahina bakal tumeka
Soroting bagaskara menehi pepandhang
Ebun kang nelesi tetanduran
Ngawekani kanggo golek panguripan
Mina-mina padha slurup aneng kali
Swara kukila-kukila mbarengi
Para tani kang padha nyambut gawe
Makarya saka esuk nganti sore
Lumaksana tumuju ing sawah
Nggarap tetandhuran kanthi ati sumringah
Ora nduweni rasa wegah
Nganti bagaskara munggah angkasa
Ananging ora ngaling-alingi gumregute
Mung urip prasaja sing dikepinginake
Tan lali sujud syukur mring Gusti

Mugi Gusti tansah nyembadani

0 komentar:

Posting Komentar